Bi.yung

BIYUNG
Ben ndina weweh katresnan
Ikhlas ora pamrih babar pisan
Yen bocah ana penjalukan
Urusane dewek mburian
Nomer siji bocah
Gone njaluk kedurusan

NGISOR TUDUNG SAJI
Anak : Yung, nyong ngelih yung. Rika masak apa dina kie, Yung?
Biyung : Ya kue bukak bae tudung sajine.
Anak : “Kreekk”. Lah sega karo sambel terasi.
Biyung : Ya mengko, ngenteni ramane bali.

RAMA
Rela ora mangan babar pisan
Asal anak bojo kebagian
Mergo kue wis dadi kewajiban
Arane rama yakue prajangan

WAYAH SORE
Njagong nang teras umah
Nyawang wong pada balik kang sawah
Merga awak,
Wes labuh krasa sayah
Manuk juga mabur kocar-kacir
Merga dioyok,
Bapak-bapak berkucir
Tampange si sangar, gede duwur
Ning sayang,
Masa ngoyok manuk mabur

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Scroll to Top