Duda Neng Alam Kubur

Wacanan Sedurunge: Betah Neng Kuburan

Wacanan Sedurunge: Mung Ana Siji Anan

Wacanan Sedurunge: Kesuh Karo Serayu

Wacanan Sedurunge: Sayembara Gibran

Wacanan Sedurunge: Arwah

NALIKA grup seni pertunjukan Gethek anggotane pada mati merga kelelep mlebu Kali Serayu nalika serombongan bus cilaka ban ngarep tengen mbledhug neng kawasan Rawalo, Banyumas, ana sejodho anggota sing melu anumerta bareng, yakuwe Evan tukang keyboard lan bojone, Dian vokalis lan tukang sebul flute. Jebule, angger sepasang suami-istri celaka lan mati bareng, neng alam kubur ya uripe bareng. Turu bareng.

Edhon, koordinator Teater Gethek sing arep manggung tanggal 23 September 2026 neng Aula Fisip Unsoed Purwokerto, sing wis duwe bojo nalika neng dunya, malah dadi duda nalika neng alam kuburan. Bojone Edhon pancen ora melu rombongan Gethek sing celaka kuwe mau. Mulane Edhon mati dhewekan. Urip neng alam kubur ya dadi dhewekan. Semono uga bojone sing esih neng alam dunya dadi randha dhewekan. Ora pegatan ningen statuse dadi duda lan randa neng beda-beda alam.

Dadi duda neng alam kubur kelebu rasa nelangsa sing ana neng alam nunggu kiamat. Senajan ora melu disiksa, siksa kubur, Edhon nduweni rasa nelangsa merga pisah karo sing wadon. Nggo gawe bebungah neng ati, nylimur rasa sepi ati, Edhon uga dadi kemutan menawa bojo pertamane wis tilar dunya sedurunge dheweke mati cilaka bus nyebur kali Serayu kuwe mau. Artine, Edhon yakin bisa ketemu neng alam kubur karo bojo pertama sing wis padha-padha mati.

Ningen kasunyatan Edhon ora bisa ketemu bojo almarhumah neng alam kubur. Evan lan Dian tetap bisa urip bebrayan neng alam kubur, merga cilakane bareng. Edhon ngorong-ngorong nyeluki bojo pertamane neng endi papan alam kubur, tetep bae sepi jawabe. Bojo pertama sing wis almarhumah ora nongol blas. Kayane panggonan saben wong mati kuwe sekumpul-kumpule ya karo wong sing matine bareng wektu. Sing beda wektu goli mati, ya tlatahe beda-beda senajan padha-padha neng alam kubur. Jebule urip neng alam kubur kuwe kejaba disiksa kubur, bungah neng alam kubur, uga bisa krasa sepi super nelangsa neng alam kubur. Panggonan neng alam kubur miturut Edhon bisa werna-werna tlatah. Kaya neng alam dunya, ana sing bojone neng Amerika, dheweke neng Ajibarang, Banyumas. Padha-padha neng alam dunya, suami-istri ningen ora bisa ketemu.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Scroll to Top