Sehidup Semati, Kue Mati Bareng

Wacanan Sedurunge: Betah Neng Kuburan
Wacanan Sedurunge: Mung Ana Siji Anan
Wacanan Sedurunge: Kesuh Karo Serayu
Wacanan Sedurunge: Sayembara Gibran
Wacanan Sedurunge: Arwah
Wacanan Sedurunge: Duda Neng Alam Kubur

Anane istilah “sehidup semati” nganan-nganane kue urip bareng bareng ya bisa ketemu bareng nang alam akherat utawa alam kubur. Nanging miturut monolog dhawa anggitane Edi Romadhon kanti judul “Swaraning Banyumas” kue nyebutna syarat kon bisa sehidup semati kue ya mati bareng bareng. Mergane, miturut naskah kue – sing dipentasna tanggal 23 September 2026 nang Aula FISIP Universitas Jenderal Soedirman Purwokerto – nyebutna sehidup semati bareng-bareng kue bareng nang waktu, bareng nang suasana. Dhadi, umpama ana suami istri kok cilaka: tabrakan, suami istri kue mati, miturut naskah kue bisa urip bareng nang alam kubur. Alam kubur kue alam pertungguan tekane kiamat.

Umpamane maning, menangi ana sing mati bareng-bareng, semisal keracunan bareng-bareng, kue ya mengko urip bareng bareng nang alam kubur. Kok suami istri? Ya mengko kumpul maning nang alam kubur, suami istri kue. Mulane, gampangkan rumus kue.

Nah sing ora bareng bareng nang alam kubur kue ya sing matine ora bareng. Umpamane, sing wadhon matine 1 Januari 2020, sing lanang matine 1 Januari 2022. Nah, nek kaya kue ya ora bareng. Sebab setahun rong tahun kue sing mati sedunia kan bisa jutaan. Lah ger jutaan berarti butuh tlatah kanggo urip. Bayanganku alam kubur kue kaya planet-planet. Semisal sing mati 2020 nang planet apa lah sing mati 2022 disediakan nang planet sing beda. Dhadine ya ora bareng. Ya pisah.

Kanggo panjenengan sedulur kabeh sing pengin mati bareng, ya direncanakan. Tapi ya kue jenenge kurang ajar. Perencanaan kaya kue ya mengko akhire bunuh diri. Bunuh diri ya bisa dhadi mati bareng. Tapi kue ya ora diridhoi nang Raja Super jenenge Gusti Allah. Sing luwih apik maning ya mati bareng, ningen mangsa nang alam dunnya kue due sifat apik maring sepada pada. Apikan karo wong liya. Ora nyebeli. Ora doyan gelutan karo wong liya. Srawung sing apik karo menungsa.

Luwih apik maning, nang alam dunnya apik karo makhluk ciptaane Gusti Allah sing udu menungsa. Contone, apikan karo celelng, apikan karo wedhus lan lya liyane. Apik kue udu artine madhang babi. Apikan karo celelng udu berarti mangan celeng. Apikan karo wedhus ya mangan wedhus. Mergane wedhus kue lambang kanggo qurban utawane kanggo sesrawung karo menungsa liyane. Nek wes disembeleh kan dibagi bagi. Kue jenenge srawung antarmenungsa kanti dalan nyembeleh wedhus: slametan, aqiqah, qurban lan sakpanunggalane.

Apikann ang alam dunnya kue ya apikan karo tumbuh tumbuhan. Kan ana kan, wong sing malah maring alas malah babadi alas. Kue wong sing ala karo tumbuh tumbuhan. Kue sing jenenge wong ora apik. Contone ya wong babad alas ora gelem nandur maning. Babad alas, kayune sepanyol (separo nyolong), wes kue lewih ora apik maning.

Angger koe kepengin dadi wong kalem, ya mangane tanduran sing kalem kalem. Contone, bayem. Mangan sing ora marekna kalem, contone ya mangan duren. Brangas. Tapi ya kue apik nek pas wayahe. Misal lagi pesta utawa mertamu gene wong, lawuhe anane duren ya dipangan durene. Kue mau sesrawung apikan karo tumbuh-tumbuhan.

Sesrawungan sing apik maning ya sesrawungan karo alam sekitar. Contone, udara, banyu, geni. Geni nggo bakar alas, kue jenenge sesrawungan karo alam sing banget alane. Kue ora apik. Sesrawungan sing apik karo alam, wujude banyu, ya aja gawe banjir. Kenangapa ana banjir, ya merga ora srawung sing apik karo alam karo tumbuh tumbuhan. Aja babadi alas nalika mangsa udan sing marekana, udane glosorna lemah alas maring perumahan. Kue ya ora apik. Apikan karo udara utawa hawa, kue ya kudu. Lah angger udara utawa hawa kue dikotori nang knalpot sing mamprot mamprot sing budegna, kue jenenge ora srawung sing apik karo udara.

Angger wes srawung karo menungsa apik, karo kewan uga apik, karo tumbuhan uga apik, karo alam uga apik, kue kabeh kanggo sangu urip nang alam kubur. Srawung sing super super apik kue srawung karo Gusti Alloh kanti temenanan. Carane ya anggo syariat. Luwih apik maning tambahi haqiqat. Seluruh kegiatane menungsa kon kepriwe carane kue pinujune maring Gusti Alloh. Kue sing paling super apik.

Dadi srawung kabeh mau asline ana lima. Srawung karo Gusti Alloh kue sing nomer siji. Keloro srawung karo menungsa sepada-pada. Ketelu srawung karo kewan. Kepapat srawung karo tanduran. Kelima srawung karo alam. Nek kabeh mau apik, ya bisa apik nang alam kubur utawa akherat. Apa maning koh mati bareng.

Mekaten pawartos kawula, I love you.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Scroll to Top