
Wacanan Sedurunge: Betah Neng Kuburan
Wacanan Sedurunge: Mung Ana Siji Ana
Wacanan Sedurunge: Kesuh Karo Serayu
Wacanan Sedurunge: Sayembara Gibran
SEJATINE, neng kitab suci ora ana siji dalil sing nyebutna menawa arwah (ruh) wong mati bisa klayaban alias gentayangan. Kitab pancen cerita anane makhluk alus-ghoib, kayata setan, belis/iblis, lan jin. Pegaweane setan ya nggoda meng dalan bodole menungsa. Merga anane dalil sing kaya kuwe lan setan nalika ngganggu menungsa nganggo model apa bae, mulane nalika setan mawujud fisik-fisik wong sing wis mati, nalika katon neng mripat menungsa, kuwe diarani memedi. Ana memedi wujude John Lennon, Michel Jackson, utawa liyane, wong-wong urip sing diweruhi banjur kandha menawa arwahe John Lennon lan Michel Jackson gentayangan.
Neng cerita drama monolog Berita Lelayu Edhon sing arep dipentasna neng Aula Fisip Unsoed Purwokerto, 22-23 September 2026 wengi uga bisa gawe adegan Edhon lan kanca-kanca Gethek sing wis mati merga kecelakaan bus tiba meng kali Serayu kuwe padha gentayangan neng alam dunya, dadi medi kabeh. Edhon lan kanca Gethek miturut wong sing esih urip neng alam dunya diarani arwah gentayangan. Sing jelas kuwe janjane makhluk gaib alias memedi, bisa bae sejatine setan.
Merga bisa katon hadir neng alam dunya, Edhon lan kanca Gethek uga gawe kegiatan profokator kanggo menungsa. Gawe pementasan, ngumpulna wong, maen music, nembang-nembang sing isine nggiring menungsa kon padha wadeh maring tokoh-tokoh masyarakat, tokoh politik, tokoh apparat hukum lan liya-liyane. Senajan profokator, ningen bareng dipikir-pikir ya nalar. Cerita Jokowi doyan nglombo, anake, Gibran ya melu-melu ngumpetna ijazah SMA/Sederajat dheweke.
Edhon lan kanca Gethek uga nembang-nembang sing nyindir kelakukan Jokowi lan anake, Gibran, sing kurang pas menut ukuran moral menungsa. Contone ya doyan nglombo, sen kiri belok kanane Jokowi. Ijazah SMA/Sederajate Gibran sing tekan siki durung dipemerna maring masyarakat. Babagan kuwe mau diplecehi kanti ilmiah nganggo dalan seni pertunjukan acting lan music Gethek. Edhon lan kanca Gethek uga percaya menawa dheweke ora gadang ditangkep aparat hukum, mergane sing ngomong neng alam dunya kuwe mau sejatine memedi utawa arwah gentayangan. Kudu kemutan, Edhon lan kanca Gethek kuwe wis meninggal kecelakaan nyebur kali Serayu neng Rawalo.
Edi Romadhon, atau yang akrab disapa Kang Edon, adalah budayawan senior asal Ajibarang, Banyumas, yang kerap dijuluki sebagai Budayawan Palugada berkat keluwesannya berperan sebagai penulis naskah, sutradara, aktor, hingga penggerak logistik pertunjukan. Kiprahnya yang dimulai sejak 1983 konsisten merawat tradisi dan bahasa ngapak Banyumas melalui teater, puisi, dan pelestarian cerita rakyat—bahkan sukses membawa pementasan teater binaannya, Teater Gethek, melenggang ke panggung internasional di Belanda hingga Republik Ceko. Selain aktif membina komunitas teater Perisai, akademisi Universitas Muhammadiyah Purwokerto ini juga terus menginspirasi generasi muda untuk adaptif menjaga warisan budaya lokal di tengah pesatnya perkembangan zaman.




