Sayembara Gibran

Wacanan Sedurunge: Betah Neng Kuburan

Wacanan Sedurunge: Mung Ana Siji Ana

Wacanan Sedurunge: Kesuh Karo Serayu

KOMUNITAS GETHEK sing sikiye, wis njajal mbayangna urip ‘seneng’ neng alam kubur merga pentas drama monolog judul Berita Lelayu Edhon, neng Aula Fisip Unsoed Purwokerto, Jumat-Sabtu wengi, 22-23 September 2026 ngesuk, bakal ngrasani anane gonjang-ganjing alam dunya politik Indonesia neng wektu paling gres siki, Sayembara Ijazah SMA/Sederajat Gibran. Neng alam kubur ora ana kahanan sing ditutup-tutupi, ningen neng alam dunya isine pada pating slimpet nutup-nutupi barang-barang aib.

Angger Gibran melu Gethek jelas ora perlu ana Sayembara Ijazah SMA/Sederajat Gibran. Mergane Gibran bakal jujur sejujure babagan ijazah sing dheweke duwe. Umpama dheweke pancen ora duwe ijazah SMA ya mesti otomatis ngaku blaka ora duwe. Ningen menawa Gibran duwe ijazah SMA/Sederajat, neng alam kubur ya mesti otomatis ngaku duwe ijazah kuwe.

Anane sayembara sing dipandegani Prof. Denny Indrayana, lan hadiah sayembarane wis tekan Rp 3 miliar luwih, mbuktikna menawa tekan sikiye durung ana sing weruh barang bukti ijazah asli SMA/Sederajate Gibran. Sayembarane pancen arupa sapa bae sing bisa weruh ijazah SMA/Sederajate Gibran kanti asli, bakal diwenehi hadiah Rp 100 ewu nalika sayembara mulai dibuka seminggu kepungkur. Tekan siki, hadiah sayembarane tambah terus ngasi tekan Rp 3 miliar luwih. Ngesuk-ngesuk, angger durung ana sing bisa mbuktikna menawa Gibran duwe ijazah asli kuwe, jelas hadiahe ya melu tambah terus.

Kahanan normative, mestine sing jelas bisa mbuktikna babagan ijazah asli SMA/Sederajate Gibran ya Gibran dhewek. Mergane saben ijazahe sapa bae, sing nyekel ya sing duwe. Ningen lucune, Gibran tetep anteng meneng jineng. Mbangkane, angger melu sayembara, jelas Gibran sing menang lan olih hadiah tekan Rp 3 miliar luwih sekang Prof. Denny Indrayana. Kenang apa Gibran mingkem bae ora respon kanti sayembara kuwe, ya mergane embuh. Jan-jane wong-wong sing wis neng alam kubur tah ngerti banget sejatine ijazah SMA/Sederajate Gibran kuwe mau. Merga beda alam, wong sing neng kuburan ora bisa ngabarna suara jujur ijazah Gibran. Kaya kuwe. Hidup Denny Indrayana..!!!

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Scroll to Top