
Mulabukane ana piwulang menawa nalika wong mati, dikubur, neng alam kubur kuwe full siksa. Artis biduan kuna, Ida Laela baen gawe lan nembangna lagu Siksa Kubur. Ngasi tekan sikiye durung ana komponis sing gawe lagu judule Bungah Neng Alam Kubur. Artine, sedawane inyong urip, piwulang sing nancep neng atine inyong, atine meh kabeh wong, alam kubur kuwe isine siksaan thok. Mbangkane Gusti Alloh kuwe Maha Kasih lan Adil. Artine neng kuburan kuwe isine kudu diyakini ora mung siksa kinit thok, ningen uga ana Nyaman Kubur, Bebungah Kubur, utawa Seneng Neng Kuburan.
Anane keyakinane inyong menawa neng kuburan uga bisa ngrasakna ati bombong, ati bungah lan seneng, mestine neng alam kubur uga olih bungah, olih seneng, lan olih betah. Indikasi menawa wong mati pada betah neng alam kubur, ngasi tekan sikiye durung ana sing minggat balik maning maring alam dunya. Wong-wong sing wis pada mati uga durung ana siji acan sing ngabarna maring inyong pada sing esih urip menawa neng alam kubur kuwe full siksa.
Mulane inyong ngajek sedulur-sedulur kabeh neng alam dunya, menawa Gusti Alloh ora tau sare. Gusti Alloh ora tau ora adil. Neng alam kubur, ana susah ana seneng. Ana lara, ana lega. Inyong arep gegolet begja-begjane wong neng alam kubur. Keprimen carane, observasi kaping siji, takon-takon karo wong sing wis tau mati sedela, alias mati suri.
“Pak Edhon, nalika jere wong-wong lan dokter inyong kuwe wis mati sedina, mati suri, kuwe inyong urip neng alam pepadang kaya gurun ningen iub lan sejuk. Pokoke serba kepenak ngawak. Weruh wong liya akeh banget, pada pating tlebang ora omong-omongan ningen ramah-ramah lan full mesem nalika ketemu rai karo rai. Klambine seragam putih-putih model ihram. Ora kencot ningen ora kewaregen. Seger neng awak..!!” kandhane wong sing wis tau mati ningen urip maning kuwe maring inyong.
Merga curhat pengalaman wong sing tau mati suri sing kaya kuwe, inyong dadi nduwe niat ngabarna nganggo dalan pentas Monolog babagan mati neng alam kubur sing nyenengna banget kaya kuwe. Inyong lan kanca-kanca Teater Gethek Ajibarang arep gawe reportoar Monolog Musikal kanti judul “Berita Lelayu”. Tontonan sedawane sejam kuwe bakal dipanggungna neng aula sing ana neng Unsoed Purwokerto neng wulan September 2026 ngesuk. Inyong ora bakal crita babagan siksa kubur, ningen rasa bungah neng kubur. Perlu wigati, menawa alam kubur kuwe dudu kuburan nggih. Kesuwun.
Edi Romadhon, atau yang akrab disapa Kang Edon, adalah budayawan senior asal Ajibarang, Banyumas, yang kerap dijuluki sebagai Budayawan Palugada berkat keluwesannya berperan sebagai penulis naskah, sutradara, aktor, hingga penggerak logistik pertunjukan. Kiprahnya yang dimulai sejak 1983 konsisten merawat tradisi dan bahasa ngapak Banyumas melalui teater, puisi, dan pelestarian cerita rakyat—bahkan sukses membawa pementasan teater binaannya, Teater Gethek, melenggang ke panggung internasional di Belanda hingga Republik Ceko. Selain aktif membina komunitas teater Perisai, akademisi Universitas Muhammadiyah Purwokerto ini juga terus menginspirasi generasi muda untuk adaptif menjaga warisan budaya lokal di tengah pesatnya perkembangan zaman.
