
Wacanan Sedurunge: Betah Neng Kuburan
Wacanan Sedurunge: Mung Ana Siji Ana
CERITA kepaten Edi Romadhon lan kanca Teater Gethek kuwe diawali kanti anane lelungan bereng-bereng nganggo bus gedhe, nyanggupi undangan tanggapan pentas neng Jogja. Sedawane laju bus neng pinggir kali Serayu Kawasan Rawalo Banyumas, seisi bus pada ngrasani menawa Kali Serayu siki buthek letrek. Mbangkane anane jeneng serayu kuwe ya nalika mulabukane ana tuk banyu Serayu neng Dieng Banjarnegara bening klening. Mulane diarani Kali Serayu. Karoto boso Sera, kuwe Sira (sampayena banyu) yu kuwe ayu (super bening).
Gemiyen nalika jaman kerajaan, Serayu kuwe migunani tumrap menungsa, iwak kali lan makhluk urip neng banyu liyane, uga wit-witan sing asri neng pinggir kali, ngasi akehe sawah pari sing ngablak-ngablak. Ningen selot jaman modern, apa maning kaya sikiye, Kali Serayu wis ora dienggo transportasi kali maning neng menungsa. Banyu wis buthek, lan iwak-iwak Kali Serayu wis sethithik jumlah lan jenise. Nalika seisi bus pada ngromyang misuh-misuh maring Serayu, ujug-ujug ban ngarep bus mbledhug. Bus oleng, nabrak tameng wesi pinggir kali, lan mblodos, sing akhire bus nyuingsep maring banyu kedung kali. Akhire bus kerem neng kedung, seisi wong sing neng bus tilar dunya kabeh.
Bereng wis pada mati, nyatane pindah urip, ya kuwe pindah sekang alam dunya maring alam kubur. Janjane wong seisi bus kuwe ya maras kabeh mergane nalika neng dunya, info babagan kubura kuwe anane siksa kubur. Ningen nyatane Gusti Alloh kuwe adil, ana siksa ya mesti ana begja. Anggota Teater Gethek nyatane olih keadilan kubur kanti olih seneng lan bungah bin bombong neng alam kubur. Akhire rasa bungah neng kuburan dimanfaatna nggo ngrasani alam dunya, utamane alam Indonesia siki-siki.
Neng alam kubur kuwe bocah-bocah Gethek ngrasani Jokowi, ngrasani rakyat cilik sing urip sengsara neng dunya, ngrasani pidato presiden sing cokan keliru goli ngendika. Mulane pentas Swaraning Banyumas neng Aula FISIP UNSOED akhire September 2026 ngesuk sejatine pentas neng alam kubur, ningen isi pentas ya ngrasani kahanan penguripane wong neng alam dunya sikiye. Mulane, kayane angger ora nonton ya rugi, mergane bubar pentas kuwe ngesuke wis ora olih maning pentas. Monggo sedulur sedaya kulo tenggo kangge nonton monolog kanti judul “Berita Lelayu” Edi Romadhon.
Edi Romadhon, atau yang akrab disapa Kang Edon, adalah budayawan senior asal Ajibarang, Banyumas, yang kerap dijuluki sebagai Budayawan Palugada berkat keluwesannya berperan sebagai penulis naskah, sutradara, aktor, hingga penggerak logistik pertunjukan. Kiprahnya yang dimulai sejak 1983 konsisten merawat tradisi dan bahasa ngapak Banyumas melalui teater, puisi, dan pelestarian cerita rakyat—bahkan sukses membawa pementasan teater binaannya, Teater Gethek, melenggang ke panggung internasional di Belanda hingga Republik Ceko. Selain aktif membina komunitas teater Perisai, akademisi Universitas Muhammadiyah Purwokerto ini juga terus menginspirasi generasi muda untuk adaptif menjaga warisan budaya lokal di tengah pesatnya perkembangan zaman.


