
NALIKA wong neng alam kubur kumpul, mesti dimolaih sekang Adam Hawa lan keturunane tekan Muhammad Saw lan ummate. Gisti Allohe Nabi Adam As ditegasna neng Nabi Ibrahim As, Musa As, Isa As lan Muhammad Saw. Merga Muhammad Saw nduweni tutur Gusti Alloh Swt paling genah lan teges, yakuwe Qur’an, mulane sejatine Gusti Allohe Ibrahim As, Musa As lan Isa As, ya pada bae karo Gusti Allohe Muhammad Saw. Merga akhire wong-wong sing esih pada urip neng alam dunya rebutan bebener, kuwe jane politik agama.
Apa maning anane ajaran trinitas, mulane ngonoh-ngonoh bae menawa ana sing nyebut Nabi Isa As kuwe Tuhan. Muhammad Saw kanti tutur Gusti Alloh Swt, Qur’an, nerangna babagan Adam As, nerangna babagan Ibrahim As, nerangna babagan Musa As, nerangna babagan Isa As lan Muhammad Saw dhewek kanti slisih lan nyimpul, menawa Gusti Alloh Swt kuwe Mung Ana Siji Ana. Ningen neng sisi liya, Qur’an uga nyebut maklum anane beda tafsir.
Sing jelas, inyong lan kanca Gethek ngesuk pentas neng kampus Unsoed Purwokerto bakal nerangna menawa alam kubur kuwe isine wong-wong sing wis dikubur kawit jaman Nabi Adam As tekan jaman Nabi pungkasan, Rosul Muhammad Saw. Inyong lan kanca Gethek mbayangna menawa alam kubur kuwe amba banget, kayane sekabehan galaksi dikumpulna dadi siji, kuwe alam kubur. Inyong lan kanca Gethek ya gumun neng alam kubur ora ana takdir mati maning. Takdir neng alam kubur kuwe urip maning, full istirahat nunggu kiamat.
Kanggo ngisi kegiatan ngaso neng alam kubur, inyong lan kanca dadi hobi ngrasani polah tingkah wong sing esih urip neng alam dunya. Ngrasani ngasi misuh-misuh kode keras maring Jokowi ya bebas, ora gadhang dipenjara. Ora gadang dikriminalisasi. Umpama koh Jokowi kesuh banget maring inyong pada, lan nangkepi inyong pada, ya kudu marani disit maring alam kubur. Marani inyong pada, ngrangket ‘jemput paksa’ inyong pada, ya Jokowi kudu kaya inyong disit takdire. Wani sih Jokowi marani inyong pada neng alam kubur ? Haiya..!! Ora gadhang wani. Jokowi esih kepengin urip dawa neng dunya.
Miturut inyong lan kanca gethek, alam dunya, utamane neng Indonesia kuwe isine mung kahanan SIKAT SIKUT CAKAR LAN AUM. Utamane neng Jakarta. Mulane kesimpulane inyong pada, Jakarta kuwe nyandang ibu kota negara, ibu kota pemerintahan, ibu kota maling, ibu kota preman, ibu kota pendekar laknat pemetik cawet, sekaligus ibu kota tlembuk. Pusat molimo ya Jakarta. Aturan digawe molaih sekang Pancasila, UUD 45 Amandemen, UU, PERPU, Peraturan Presiden, Peraturan Menteri, ngasi Peraturan Ketua RT, isine mesti apik, moralitas full. Ningen, pelanggaran ana neng ngendi-ngendi aturan. Dadi, aja-aja pancen aturan digawe kon dilanggar. Sekang kuburan, inyong lan kanca nasehati, aturan mestine dilaksanakna kanti serius full kemanutan ikhlas lan sadar. Angger neng alam kubur tah isine mung pada pinter gemati, nastiti, ngati-ati, pinter mijeti, pinter semilikithi. Haiya…Merdeka..!!
Edi Romadhon, atau yang akrab disapa Kang Edon, adalah budayawan senior asal Ajibarang, Banyumas, yang kerap dijuluki sebagai Budayawan Palugada berkat keluwesannya berperan sebagai penulis naskah, sutradara, aktor, hingga penggerak logistik pertunjukan. Kiprahnya yang dimulai sejak 1983 konsisten merawat tradisi dan bahasa ngapak Banyumas melalui teater, puisi, dan pelestarian cerita rakyat—bahkan sukses membawa pementasan teater binaannya, Teater Gethek, melenggang ke panggung internasional di Belanda hingga Republik Ceko. Selain aktif membina komunitas teater Perisai, akademisi Universitas Muhammadiyah Purwokerto ini juga terus menginspirasi generasi muda untuk adaptif menjaga warisan budaya lokal di tengah pesatnya perkembangan zaman.

